ꦗꦠꦶꦩꦸꦭꦾ
11 December 2023 | 189 kali
Geguritan By : Supriyadi Sapta Atmaja
꧋ꦗꦁꦏꦃꦲꦶꦏꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦭꦸꦩꦏꦸ
ꦲꦶꦁꦥꦼꦠꦼꦁꦔ꧀ꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦊꦁꦔꦺꦢꦭꦸ
ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦥꦼꦥꦗꦂꦲꦶꦁꦗꦒꦢ꧀ꦏꦁꦱꦂꦮꦱꦩꦂ
ꦕꦃꦪꦤꦸꦂꦕꦃꦪ
ꦏꦁꦧꦶꦱꦩꦣꦁꦔꦶꦥꦼꦠꦼꦁꦔꦺꦗꦶꦮꦔꦸꦩ꧀ꦧꦫ
ꦭꦏꦸꦲꦶꦏꦶꦏꦼꦧꦏ꧀ꦥꦤꦺꦴꦣꦶ
ꦲꦶꦁꦢꦭꦤ꧀ꦏꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦏꦿꦶꦏꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦼꦫꦶ
ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦏ꧀ꦕꦣꦺꦴꦁꦱꦸꦥꦔꦠ꧀ꦩꦸꦚ꧀ꦗꦼꦁꦤꦧꦶ
ꦏꦁꦒꦺꦴꦩꦱꦸꦃꦱꦺꦮꦸꦊꦛꦼꦒ꧀ꦒꦶꦁꦥꦏꦂꦠꦶ
ꦤꦥ꧀ꦱꦸꦤꦥ꧀ꦱꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦽꦫꦶꦣꦸ
ꦏꦤ꧀ꦛꦏꦼꦥꦶꦔꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦁꦱꦼꦩꦸ
ꦱꦺꦠꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦏꦁꦒꦮꦺꦏꦔꦼꦤ꧀
ꦚꦺꦧꦿꦠ꧀ꦠꦏꦺꦠꦽꦱ꧀ꦤꦔꦸꦩ꧀ꦧꦫꦲꦶꦁꦱ꧀ꦮꦂꦒ
ꦗꦩꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦩꦭ꧀ꦭꦺꦲꦾꦁꦮꦶꦱꦺꦱ
ꦣꦸꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤ
ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦒꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦮꦶꦭꦱ
ꦱꦲꦗꦸꦩ꧀ꦭꦼꦒꦸꦂꦫꦺꦲꦱꦶꦃꦥꦢꦸꦏꦏꦁꦤꦼꦧꦃꦣꦣ
ꦩ꧀ꦧꦸꦏꦏ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦶꦁꦗꦠꦶꦩꦸꦭꦾ
ꦲꦺꦴꦩꦃꦗꦺꦴꦒ꧀ꦭꦺꦴꦥꦺꦴꦗꦺꦴꦏ꧀ꦢꦺꦱ꧇꧒꧕꧇ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦂ꧇꧒꧐꧒꧓꧇
Waduuuhhh..sang pencari..wis ketemu.
Ning guritane secara global isih nggoleki lan njaluk..😂😂 kamangka nalika ketemune dewa ruci mung sepisan thok..ra pindho. Diwedhar ꦲ kanthi ꦔ ra ana ulangan lan ujian. Mula jenenge bima..langsung tandang. Ra tapa tapa an maneh. Beda karo Arjuna..wus sekti isih tapabrata wae..😂😂😂😂😂 isih njaluk ae kanthi jejuluk bagawan mintaraga.😂😂😂..
Tapi ya ngunu…kabeh kalah karo yudistira..sabar welas asih kanthi iklas. Gamane salya ra tumekaning patine yudistira.
Wekasanne..pandawa tumekangning mulya..kurawa di edhel edhel tanpa sisa. Jagad ra rame padudon. Kresna grand mastere pandawa mati sisan. Matine malah ra jamak..😊😊😊 pandawa nglokro ditinggal modar kresna. Puyeng2..yudistira ngajak..mendaki mahameru. Pungkase pandhawa modhar siji
mbaka siji..mung yudistira karo kirike tok tekan puncak.
Pitakone..lhooo…sekti mandragunane nang ngendhi kabeh. Kok mung yudistira sing tekan puncak dhewean gondhal gandhul kijenan…kapok kijenan..lha wong kawruhe dipek dhewe…😂😂😂😂😂
Saran, tulisane aksara jawane ..wenehana sithik ae latine..sak cuil ae aja okeh2.😉