GOOGLEMAPS AKSARA JAWA: Akal Prasaja Ajayeng Bawana

2 December 2024 | 316 kali
Artikel By : Sinarendra Krisna

Kemajengan teknologi informasi lan komunikasi ing jaman samangke prasasat saestu rikat. Maneka warni media ingkang saestu gampil saged dipunmanpangataken dening sadhengah tiyang. Tuladhanipun inggih punika teknologi pepethan digital googlemaps. Aplikasi googlemaps ing jaman samangke  boten namung kaginakaken kangge ningali pepethan wonten ing satunggilipun wilayah kemawon, ananging ugi saged kaginakaken minangka pandom radosan, pandom wewangunan, kepara saged ugi kangge sarana dol-tinuku lumantar internet lan sapinunggilanipun. Kanthi makaten, tetiyang ingkang sami migunakaken teknologi googlemaps punika sangsaya dangu sangsaya kathah nggedhabyah tundhonipun dados tuman. Amargi saking punika, boten prelu cingak menawi teknologi pepethan digital googlemaps samangke sangsaya kathah isen-isenipun. Cobi menawi katandhingaken kaliyan pepethan ingkang sampun kaprah (cithak), menika namung ngemot namanipun lepen, namanipun radosan, nama kitha/kapanewon, kalurahan, lan nama seganten.

Kanyatan punika nedahaken bilih, teknologi pepethan digital googlemaps saged kawastanan saestu sampun ngabehi lan murakabi tumrap sadhengah tiyang. Kawontenan ingkang kados makaten dadosaken para pegiat aksara Jawa saged necep punapa dene ngraosaken asilipun. Sadhar punapa boten, tetiyang sami “kepeksa weruh” maos lajeng pados sisik melik lumantar teknologi pepethan digital googlemaps punika amargi sampun dados kabetahan. Boten prelu malih meksa tiyang supados ngindhakaken kasagedanipun babagan literasi digital. Samangke, ingkang prelu dipunkupiya dening para pegiat aksara Jawa inggih punika nyawisaken tuwin nyamektakaken produk ingkang langkung pikoleh. Punapa malih piranti ugi teknologi aplikasi sampun cumawis mathis, pegiat aksara Jawa kantun ngupakara kemawon.

Aksara Non-Latin Wonten Ing Teknologi Pepethan Digital GoogleMpas

Nalika awakipun piyambak mbikak aplikasi pepethan digital googlemaps satunggaling nagari ingkang nggadhahi aksara sanes latin, sakal badhe medal pandom papan panggenan kanthi aksaranipun negari kasebat. Kadosta, pepethan negari Jepang tamtu kemawon ingkang kaginakaken wonten ing pepethan digital googlemaps inggih aksara katakana punapa dene hiragana, aksara latinipun namung sakedhik. Makaten ugi wonten ing pepethan digital negari-negari tilas Uni-Soviet (suku bangsa Slavia), Cina, Arab, Korea, lan sapinuggilanipun. Negari kasebat rumaos mongkog saha bombong saged ngginakaken aksaranipun piyambak wonten ing teknologi pepethan digital googlemaps.

Nitik saking negari-negari kasebat, eba bungahe saupami sedaya papan panggenan wonten ing tlatah Daerah Istimewa Yogyakarta saged miggunakaken aksara Jawa ugi Latin raketang namung sekedhik wonten ing pepethan digital googlemaps. Ngaten punika jumbuh kaliyan kepyakan Yogyakarta minangka Kota Hanacaraka ingkang dipun-ngendikakaken dening Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X wonten ing salebetipun pidhato pengetan Dinten Aksara Internasional tanggal 8 September 2021 kapengker.

Kupiya ingkang sampun katindakaken dening Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) DIY amrih Yogyakarta pantes katelah Kota Hanacaraka inggih punika kanthi maneka warni kagiyatan ingkang magepokan kaliyan aksara Jawa, kadosta Pawiyatan Jawa, Klinik Aksara, ancasipun supados kawula Ngayogyakarta saged weruh – manuh kalih aksara Jawa. Sasaged-saged aksara  Jawa kedah muncul ing sadhengah papan, boten katalompen ugi wonten ing platform digital kadosta layanan pepethan digital googlemaps.

Nitik Papan Panggenan ing Salebetipun Pepethan Digital Googlemaps

Teknologi pepethan digital googlemaps boten saderma pandom radosan kemawon. Kathah sanget pangretosan ngengingi papan panggenan ingkang saged katiti priksa lumantar teknologi pepethan digital googlemaps punika. Upaminipun, awakipun piyambak saged madosi warung kopi namung pawitan nyerat namanipun kemawon. Awakipun piyambak ugi saged nitik: wande punika lekas sadeyan pukul pinten? tutupipun dinten menapa kemawon? ugi kados pundi pamrayogi saking netizen? saged sumerep lumantar website.

Kajawi minangka navigasi, teknologi pepethan digital googlemaps ugi sampun cumawis  fitur kangge nitik papan panggenan ingkang nembe kemawon dipun-dugeni. Kanthi makaten, saestu mayar nalika awakipun piyambak badhe sanja mrika malih, boten prelu kangelan niteni miyos radosan ingkang pundi. Ewa semanten, fitur nitik papan panggenan punika winates. Tuladhanipun, saben tiyang saged nitik punapa dene nggantos nama papan panggenan sauger dipunsarujuki dening google.  Kanthi cara punika, awakipun piyambak saged nitik papan panggenan migunakaken aksara Jawa.

Supados langkung cetha, sumangga kasetitekaken kados pundi caranipun nitik papan panggenan wonten ing salebetipun teknologi pepethan digital googlemaps punika!

Caranipun Nitik Papan Panggenan ing Salebetipun Pepethan Digital Googlemaps Mawi Aksara Jawa

  1. Bikak aplikasi GoogleMaps, menawi dereng kagungan saged kaundhuh ing playstore/Appstore
  2. Pilih Menu utawi tenger titik tiga mapan ing pojokan sisih kiwa ndhuwur layar
  3. Pilih Your Place, lajeng pilih Maps Tab
  4. Pilih Create Map Button amrih saged nitik papan panggenan
  5. Sasampunipun dipundherekaken dhateng kaca pembuatan peta, pilih tenger ‘menandai lokasi’ utawi marker
  6. Titik lokasi kajumbuhaken kaliyan peneripun panggenan, kalajengaken milih titik lokasi
  7. Sasampunipun paring tetenger, wonten ing layar sampun kacawisaken blangko ingkang saged kaisi katrangan papan panggenan ingkang saged nggampilaken sok sintena ingkang badhe tumuju dhateng papan panggenan kasebat.

Prelu kawuningan bilih awakipun piyambak nalika badhe nitik papan panggenan migunakaken aksara Jawa, langkung rumiyin papan ketik/keyboard smartphone punapa dene komputer kagantos Aksara Jawa. Ewadene smartphone/komputer  dereng saged kangge ngetik mawi aksara aJawa, wakipun piyambak saged migunakaken konverter Aksara Jawa ingkang sampun cumawis, inggih punika www.kongresaksarajawa.id/salinsaja

  1. Menawi badhe nitik papan panggenan sanesipun, kantun ngambali caranipun kados ing inggil.
  2. Sasampunipun rampung anggenipun nitik, awakipun piyambak badhe kacawisaken tigang pilihan, sepisan paring nama ugi alamatipun, angka kalih paring nama wonten ing layer, angka tiga nalika awakipun piyambak ngresakaken ngedum dhateng ngasanes papan panggenan ingkang sampun katitik ing

Sasampunipun kasil nitik papan panggenan, awakipun piyambak saged mbagekaken kanthi mayar dhateng ngasanes.

Kenging Punapa Papan Panggenan Dereng Katingal ing Pepethan Digital GoogleMaps?

Papan panggenan boten sedaya badhe katingal wonten ing pepethan digital googlemaps. Amargi dereng wonten ingkang nitik, sae punika saking Google piyambak punapa dene saking relawan.

Saweneh tiyang saged ugi rumaos kangelan nalikanipun madosi papan panggenan tartamtu ingkang dereng kacathet wonten ing aplikasi pepethan digital googlemaps. Sinaosa panggenan kalawau dereng kacathet dening Google, sauger gadhah titik koordinatipun saged kapanggih panggenanipun.

Nggantos Papan Pangenan ing Salebetipun Pepethan Digital GoogleMaps Mawi Aksara Jawa

Nalaika awakipun piyambak kepengin nggantos papan panggenan ing pepethan digital googlemaps mawi aksara Jawa, saged migunakaken fitur ‘sarankan edit’ ingkang sampun cumawis. Prelu kawuningan bilih, nalika badhe nggantos/edit papan panggenan ingkang sampun wonten, sampun ngantos aksara latinipun dipun-icali, amargi menika gayut kalihan branding bisnis.

Makaten tata caranipun nggantos/edit nama papan panggenan ing salebetipun pepethan digital googlemaps:

  1. Bikak aplikasi googlemaps wonten ing ponsel Android utawi iOS
  2. Pilih papan panggenan ingkang badhe dipun-gantos
  3. Pilih menu sarankan edit
  4. Pilih ‘ganti nama atau detail lainnya’
  5. Isi kolom detail tempat kanthi jangkep kadosta nama tempat, kategori, lan alamat (sedaya kolom kedah kaisi)

Prelu kawuningani bilih awakipun piyambak nalika badhe nitik papan panggenan migunakaken aksara Jawa, langkung rumiyin papan ketik/keyboard smartphone punapa dene komputer kagantos Aksara Jawa. Ewadene smartphone/komputer  dereng saged kangge ngetik mawi aksara aJawa, wakipun piyambak saged migunakaken konverter Aksara Jawa ingkang sampun cumawis, inggih punika www.kongresaksarajawa.id/salinsaja

  1. Menawi sedaya sampun kaisi kanthi jangkep, pilih kirim

Makaten akal prasaja ingkang saged awakipun piyambak ikhtiyaraken amrih aksara Jawa saged anjayeng bawana, matur nuwun.

Menawi sadangunipun panjenengan nitik papan panggenan mrangguli prekawis, saged sesambetan kaliyan: sithikedhing2020@gmail.com

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *