ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦮꦪꦲꦺꦏꦧꦺꦃꦏꦸꦢꦸꦥꦶꦱꦃ
24 January 2025 | 439 kali
Cerkak By : Agus Budiono
꧁ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦮꦪꦲꦺꦏꦧꦺꦃꦏꦸꦢꦸꦥꦶꦱꦃ꧂
YEN WUS TEKAN WAYAHE KABEH PANCEN KUDU PISAH
ꦢꦺꦤꦶꦁ꧇ꦰꦺꦊꦤ꧀ꦢꦺꦪꦤꦺꦴꦮ꦳
Dening: Shelen Deanova
꧋ꦪꦺꦤ꧀ꦄꦏꦸꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦄꦮꦏ꧀ꦩꦸꦧꦧꦒꦤ꧀ꦩꦱꦱꦶꦁꦥꦭꦶꦁꦚꦼꦤꦼꦔꦏꦺꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶꦗꦮꦧꦤ꧀ꦩꦸꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀꧉ꦧꦼꦤꦼꦂꦑꦤ꧀?ꦪꦺꦤ꧀ꦄꦮꦏ꧀ꦩꦸꦧꦭꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦫꦁꦄꦏꦸꦏꦟ꧀ꦛꦶꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦁꦥꦝ꧈ꦄꦏꦸꦪꦴꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶꦧꦏꦭ꧀ꦗꦮꦧ꧀꧈꧌ꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀꧍꧉
Yen aku takon marang awakmu babagan masa sing paling nyenengake mesthi jawabanmu masa kanak-kanak. Benerkan? Yen awakmu bali takon marang aku kanthi pitakonan kang padha, aku ya mesthi bakal jawab, “masa kanak-kanak”.
꧋ꦗꦼꦤꦼꦔ꧀ꦏꦸꦄꦭ꧀ꦥ꦳ꦶ꧉ꦩꦼꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦸ꧈ꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀ꦅꦏꦸꦩꦱꦱꦶꦁꦥꦭꦶꦁꦚꦼꦤꦚꦔꦏꦺꦄꦩꦂꦓꦅꦁꦏꦤꦲꦤꦏꦼꦤꦔꦤ꧀ꦏꦸꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦱꦶꦁꦠꦏ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦶ꧉
Jenengku Alfi. Menurutku, masa kanak-kanak iku masa sing paling nyenengake amarga ing kana ana kenanganku karo kancaku sing tak tresnani.
꧋ꦕꦿꦶꦠꦏꦸꦅꦏꦶꦏꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦄꦏꦸꦈꦩꦸꦂ꧇꧕꧇ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉ꦤꦭꦶꦏꦅꦏꦸꦄꦮꦭ꧀ꦄꦮꦭ꧀ꦄꦏꦸꦏꦼꦤꦭꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦝꦸꦤꦶꦪꦭꦸꦮꦂ꧉ꦄꦏꦸꦠꦼꦠꦼꦥꦸꦔꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦺꦎꦩꦲ꧀ꦏꦸ꧉ꦄꦮꦭꦺꦄꦏꦸꦔꦿꦱꦅꦱꦶꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦎꦫꦪꦏꦶꦤ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦱꦏ꧀ꦮꦸꦱꦺꦱꦮꦼꦠꦫꦢꦶꦤ꧈ꦄꦏꦸꦧꦶꦱꦩ꧀ꦧꦲꦸꦂꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕ꧉
Critaku iki kawiwitan nalika aku umur 5 tahun. Nalika iku awal-awal aku kenalan karo dunia luar. Aku tetepungan karo kanca-kanca kiwa tengene omahku. Awale aku ngrasa isin lan ora yakin, nanging sak wuse sawetara dina, aku bisa mbaur karo kanca-kanca.
꧋ꦩꦺꦃꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦄꦏꦸꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦏꦢꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦭꦶꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸ꧉ꦌꦱꦸꦏ꧀꧈ꦄꦮꦤ꧀꧈ꦱꦺꦴꦫꦺ꧈ꦅꦱꦶꦤꦺꦩꦸꦁꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸ꧉ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦠꦭꦶ꧈ꦌꦔ꧀ꦏ꧀ꦭꦺꦏ꧀꧈ꦈꦧꦼꦂꦈꦧꦼꦫꦤ꧀꧈ꦩꦱꦏ꧀ꦩꦱꦏꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦒꦼꦒꦺꦴꦗꦺꦏꦤ꧀ꦢꦢꦶꦢꦢꦺꦏ꧀ꦤꦺꦤꦼꦱꦸꦤꦼꦱꦸꦤꦤ꧀ꦤꦔꦶꦁꦅꦏꦸꦩꦸꦁꦢꦶꦄꦔ꧀ꦒꦼꦥ꧀ꦧꦸꦩ꧀ꦧꦸꦏꦼꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦎꦫꦱꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦔꦏꦶꦧꦠꦏꦺꦥꦼꦂꦩ꧀ꦩꦸꦱꦸꦲꦤ꧀꧉ꦄꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦧꦶꦱꦥꦝꦱꦭꦶꦁꦩꦔꦼꦂꦡꦺꦤꦶ꧉
Meh saben dina aku dolanan karo kanca-kancaku sampek kadang nganti lali wektu. Esuk, awan, sore, isine mung pengin dolanan karo kanca-kancaku. Lompat tali, engklek, uber-uberan, masak-masakan, lan gegojekan dadi kegiatan saben dinaku karo kanca-kancaku. Senajan ta kadang uga ana hal-hal sing dadekne nesu-nesunan nanging iku mung dianggep bumbu kekancan lan ora sampek ngakibatake permusuhan. Aku lan kanca-kancaku bisa padha saling mangerteni.
꧋ꦏꦱꦸꦚꦠꦤ꧀꧈ꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀ꦏꦸꦅꦏꦸꦮꦸꦱ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀꧉ꦏꦪꦎꦫꦏꦿꦱꦱꦏ꧀ꦅꦏꦶꦄꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦉꦩꦗ꧉ꦱꦼꦅꦫꦶꦁꦈꦩꦸꦂꦑꦸ꧈ꦄꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦧꦶꦱꦩꦤꦺꦃꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦏꦪꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀꧉ꦄꦏꦺꦃꦏꦼꦒꦶꦪꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦔ꧀ꦒꦸꦁꦗꦮꦧ꧀ꦏꦁꦗꦭꦫꦶꦄꦏꦸꦧꦶꦱꦩꦤꦺꦃꦏꦪꦧꦶꦪꦺꦤ꧀꧉ꦱꦺꦗꦺꦤꦺꦅꦏꦸ꧈ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦪꦴꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦧꦸꦧꦂ꧈ꦲꦤꦱꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦩꦺꦭꦸꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮꦤꦺꦥꦶꦤ꧀ꦢꦃꦎꦩꦃ꧈ꦈꦒꦲꦤꦱꦶꦁꦏꦸꦢꦸꦤꦼꦫꦸꦱꦏꦺꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃꦲꦤꦭꦶꦪꦏꦸꦛ꧉ꦏꦪꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦧꦶꦱꦩꦤꦺꦃꦄꦏꦸꦒꦿꦏꦶꦠ꧀ꦕꦿꦶꦠꦏꦫꦺꦴꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦏꦪꦧꦶꦪꦺꦤ꧀꧉ꦲꦥꦅꦏꦶꦢꦢꦶꦥꦼꦂꦡꦟ꧀ꦝꦪꦺꦤ꧀ꦏꦼꦏꦚ꧀ꦕꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦏꦥꦸꦔ꧀ꦏꦱꦤ꧀?꧉
Kasunyatan, masa kanak-kanakku iku wus liwat. Kaya ora krasa sak iki aku wis remaja. Seiring umurku, aku wis ora bisa maneh dolanan karo kanca-kancaku kaya biyen nalika masa kanak-kanak. Akeh kegiatan lan tanggungjawab kang jalari aku ora bisa maneh kaya biyen. Sejene iku, kanca-kancaku ya wis padha bubar, ana sing kudu melu wong tuwane pindah omah, uga ana sing kudu nerusake sekolah ana ing liya kutha. Kayane wis ora bisa maneh aku ngrakit crita karo kanca-kancaku kaya biyen. Apa iki dadi pertanda yen kekancan kudu kapungkasan?
꧋ꦄꦏꦸꦚꦮꦁꦱꦏ꧀ꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦺꦎꦩꦲ꧀ꦏꦸ꧈ꦱꦼꦥꦶꦩꦩꦿꦶꦁ꧉ꦎꦫꦲꦤꦩꦤꦺꦃꦱꦸꦮꦫꦤꦺꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦒꦸꦪꦺꦴꦤ꧀ꦕꦼꦏꦏꦏꦤ꧀꧉ꦎꦫꦲꦤꦩꦤꦺꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦢꦺꦴꦭꦤꦤ꧀ꦅꦁꦏꦤ꧉ꦧꦼꦤꦼꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦱꦼꦥꦶꦏꦪꦊꦩꦃꦩꦠꦶ꧉
Aku nyawang sak kiwa tengene omahku, sepi mamring. Ora ana maneh suarane bocah-bocah guyon cekakakan. Ora ana maneh bocah-bocah dolanan ing kana. Bener-bener sepi kaya lemah mati.
꧋ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦰꦏ꧀ꦅꦏꦶꦮꦸꦱ꧀ꦎꦫꦏꦪꦧꦶꦪꦺꦤ꧀꧉ꦏꦧꦺꦃꦲꦤꦩꦱꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦝꦺꦮꦺ꧉ꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦮꦪꦲꦺ꧈ꦏꦧꦺꦃꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦸꦢꦸꦥꦶꦱꦃꦱꦥꦼꦂꦭ꧀ꦭꦸꦤꦼꦫꦸꦱꦏꦺꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦒꦪꦸꦃꦕꦶꦠꦕꦶꦠꦭꦸꦲꦸꦂꦅꦁꦈꦫꦶꦥꦺꦝꦺꦮꦺꦝꦺꦮꦺ꧉ꦎꦫꦧꦶꦱꦥꦔ꧀ꦒꦃꦏꦸꦢꦸꦄꦮꦺꦴꦂꦧꦉꦁꦫꦸꦤ꧀ꦠꦁꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧉ꦲꦫꦥꦤ꧀ꦏꦸꦩꦸꦁꦱꦶꦗꦶ꧈ꦅꦁꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦢꦶꦤꦱꦸꦏ꧀ꦄꦏꦸꦧꦶꦱꦏꦼꦠꦼꦩꦸꦩꦤꦺꦃꦭꦤ꧀ꦒꦸꦪꦺꦴꦤ꧀ꦧꦉꦁꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦫꦶꦏꦭꦩꦱꦏꦤꦏ꧀ꦏꦤꦏ꧀꧉ꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦔꦿꦶꦢꦤꦶ꧉ꦄꦴꦩꦷꦤ꧀꧉
Pancen sak iki wus ora kaya biyen. Kabeh ana masane dhewe-dhewe. Yen wus tekan wayahe, kabeh pancen kudu pisah saperlu nerusake lakon nggayuh cita-cita luhur ing uripe dhewe-dhewe. Ora bisa panggah kudu awor bareng runtang-runtung. Harapanku mung siji, ing sawijining dina suk aku bisa ketemu maneh lan guyon bareng kanca-kancaku rikala masa kanak-kanak. Muga-muga Gusti Allah ngridani. Aamiin.
*
ꦥꦔꦿꦶꦥ꧀ꦠ꧇
ꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦰꦺꦊꦤ꧀ꦢꦺꦪꦤꦺꦴꦮ꦳꧉ꦱꦅꦏꦶꦰꦺꦊꦤ꧀ꦔꦔ꧀ꦰꦸꦏꦮꦼꦫꦸꦃꦅꦁꦌꦩ꧀꧈ꦠꦺ꧈ꦌꦱ꧀꧈ꦌꦤ꧀꧇꧔꧇ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀꧉ꦭꦲꦶꦂꦅꦁꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀ꦤꦭꦶꦏꦠꦔ꧀ꦒꦭ꧀꧇꧓꧑꧇ꦩꦺꦅ꧇꧒꧐꧑꧑꧉ꦩꦥꦤ꧀ꦅꦁꦌꦂ꧈ꦠꦺ꧈꧇꧑꧙꧇ꦌꦂ꧈ꦮꦺ꧈꧇꧐꧔꧇꧈ꦢꦺꦱꦥꦿꦶꦒꦶ꧈ꦏꦼꦕꦩꦠꦤ꧀ꦮꦠꦸꦭꦶꦩ꧈ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀꧉ꦰꦺꦊꦤ꧀ꦰꦼꦤꦼꦁꦧꦼꦂꦑꦂꦪꦾꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦒꦼꦒꦪꦸꦲꦤ꧀ꦢꦢꦶꦥꦼꦔꦸꦱꦲꦱꦸꦏ꧀ꦱꦺꦱ꧀꧉ꦩꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺꦴꦈꦫꦶꦥꦺꦪꦅꦏꦸ꧌ꦧꦼꦂꦄꦮꦭ꧀ꦝꦫꦶꦝꦼꦫꦶꦠꦧꦼꦂꦄꦏ꦳ꦶꦂꦗꦝꦶꦕꦼꦫꦶꦠ꧍꧉
Pangripta:
Jenenge Shelen Deanova. Sak iki Shelen ngangsu kaweruh ing MTsN 4 Trenggalek. Lair ing Trenggalek nalika tanggal 31 Mei 2011. Mapan ing RT 19, RW 04, Desa Prigi, Kecamatan Watulimo, Trenggalek. Shelen seneng berkarya lan anduweni gegayuhan dadi Pengusaha Sukses. Motto uripe yaiku “Berawal dari Derita Berakhir jadi Cerita”.