ꦥ꧀ꦭꦼꦱꦶꦂꦩꦼꦚꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁ

24 January 2025 | 483 kali
Cerkak By : Agus Budiono

꧁ꦥ꧀ꦭꦼꦱꦶꦂꦩꦼꦚꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁ꧂

PLESIR MENYANG PANTAI CENGKRONG

ꦢꦺꦤꦶꦁ꧇ꦄꦱ꧀ꦥ꦳ꦶꦥ꦳ꦃꦌꦏꦥ꦳ꦶꦠꦿꦶꦪꦤꦶ

Dening: Asfifah Eka Fitriani

꧋ꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁꦅꦏꦸꦱꦮꦶꦗꦶꦤꦶꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦅꦁꦠ꧀ꦭꦠꦃꦱꦼꦒꦫꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦏꦁꦩꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦅꦁꦮꦶꦭꦪꦃꦏꦼꦕꦩꦠꦤ꧀ꦮꦠꦸꦭꦶꦩ꧈ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀꧉ꦥꦤ꧀ꦠꦻꦅꦏꦶꦧꦶꦪꦱꦤꦺꦢꦶꦠꦼꦏꦤꦶꦥꦫꦮꦶꦱꦠꦮꦤ꧀ꦅꦁꦢꦶꦤꦩꦶꦔ꧀ꦒꦸꦈꦠꦮꦢꦶꦤꦭꦶꦧꦸꦂ꧉ꦥꦤ꧀ꦠꦻꦅꦏꦶꦢꦶꦈꦧꦼꦔꦶꦒꦸꦤꦸꦁꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦼꦧꦏ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠꦤ꧀ꦅꦗꦺꦴꦫꦺꦴꦪꦺꦴꦫꦺꦴꦪꦺꦴꦏꦁꦏꦠꦺꦴꦤꦌꦤ꧀ꦢꦃꦭꦤ꧀ꦄꦱꦿꦶꦢꦶꦱꦮꦁꦱꦏꦥꦶꦔ꧀ꦒꦶꦂꦥꦤ꧀ꦠꦻ꧉

Pantai Cengkrong iku sawijine pantai ing tlatah segara kidul kang manggon ing wilayah kecamatan  Watulimo, kabupaten Trenggalek. Pantai iki biasane ditekani para wisatawan ing dina Minggu utawa dina libur. Pantai iki diubengi gunung-gunung kebak wit-witan ijo royo-royo kang katon endah lan asri disawang saka pinggir pantai.

꧋ꦅꦁꦱꦏ꧀ꦕꦺꦢꦏꦺꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁ꧈ꦈꦒꦲꦤꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀ꦮꦶꦱꦠꦏꦁꦢꦶꦄꦫꦤꦶꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀ꦩꦔꦿꦺꦴꦧ꧀ꦏꦁꦢꦶꦲꦶꦪꦱꦶꦮꦶꦠ꧀‍ꦧꦏꦻꦴꦅꦁꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤꦺꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀꧉ꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀ꦅꦏꦶꦈꦒꦢꦢꦶꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦥꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦤ꧀ꦥ꦳ꦮ꦳ꦺꦴꦫꦶꦠ꧀ꦥꦫꦤꦺꦴꦩ꧀ꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦮꦶꦱꦠꦮꦤ꧀ꦩꦶꦤꦔ꧀ꦏꦥꦥꦤ꧀ꦰꦤ꧀ꦠꦻ꧉

Ing sak cedake pantai Cengkrong, uga ana jembatan wisata kang diarani jembatan mangrove kang dihiasi wit bakau ing kiwa tengene jembatan. Jembatan iki uga dadi salah sijine panggonan favorite para nom-noman lan para wisatawan minangka papan santai.

꧋ꦄꦏ꧀ꦱꦺꦱ꧀ꦢꦭꦤ꧀ꦩꦫꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀ꦩꦔꦿꦺꦴꦧ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦺꦤꦏ꧀‍ꦧꦔꦼꦠ꧀꧉ꦲꦥꦩꦤꦺꦃꦪꦺꦤ꧀ꦭꦶꦮꦠ꧀ꦗꦭꦸꦂꦭꦶꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦰꦼꦭꦠꦤ꧀꧌ꦗꦺ꧈ꦌꦭ꧀꧈ꦌꦱ꧀꧈꧍꧈ꦢꦭꦤꦺꦩꦸꦭꦸꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦅꦁꦱꦏ꧀ꦢꦮꦤꦺꦢꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦶꦪꦱꦶꦥꦼꦩꦟ꧀ꦝꦔꦤ꧀ꦏꦁꦌꦤ꧀ꦢꦃ꧉ꦏꦂꦖꦶꦱ꧀ꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦭꦺꦴꦏꦱꦶꦮꦶꦱꦠꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁꦭꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀‍ꦧꦠꦤ꧀ꦩꦔꦿꦺꦴꦧ꧀ꦩꦸꦫꦃꦧꦔꦼꦠ꧀ꦪꦅꦏꦸꦩꦸꦁꦱꦼꦥꦸꦭꦸꦃꦌꦮꦸꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉

Akses dalan marang pantai Cengkrong lan Jembatan Mangrove wis penak banget. Apa maneh yen liwat Jalur Lintas Selatan (JLS), dalane mulus lan ing sak dawane dalan dihiasi pemandangan kang endah. Karcis mlebu lokasi wisata pantai Cengkrong lan Jembatan Mangrove murah banget yaiku mung sepuluh ewu rupiah.

꧋ꦪꦺꦤꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦔꦿꦱꦲꦏꦺꦩꦤꦺꦏꦮꦂꦟꦏꦸꦭꦶꦤꦺꦂꦎꦭꦲꦤ꧀ꦲꦱꦶꦭ꧀ꦭꦲꦸꦠ꧀ꦏꦪꦠꦅꦮꦏ꧀꧈ꦈꦫꦁ꧈ꦕꦸꦩꦶꦕꦸꦩꦶ꧈ꦕꦸꦪꦸꦈꦠꦮꦏꦼꦥꦶꦠꦶꦁ꧈ꦭꦤ꧀ꦰꦏ꧀ꦥꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦭꦤꦺ꧈ꦧꦶꦱꦩꦺꦴꦫꦺꦴꦅꦁꦮꦫꦸꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦅꦁꦱꦼꦏꦶꦠꦫꦺꦭꦺꦴꦏꦱꦶ꧉ꦱꦏ꧀ꦭꦶꦪꦤꦺꦧꦶꦱꦔꦶꦕꦶꦥꦶꦎꦭꦲꦤ꧀ꦲꦱꦶꦭ꧀ꦭꦲꦸꦠ꧀ꦈꦒꦧꦶꦱꦠꦸꦏꦸꦅꦮꦏ꧀ꦄꦱꦥ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦎꦭꦺꦃꦎꦭꦺꦃꦱꦤꦏ꧀ꦏꦢꦁꦅꦁꦔꦺꦴꦩꦃ꧉

Yen pengin ngrasakake maneka warna kuliner olahan asil laut kayata iwak, urang, cumi-cumi, cuyu utawa kepiting, lan sak pinunggalane, bisa moro ing warung kang sumebar ing sekitare lokasi. Sak liyane bisa ngicipi olahan asil laut uga bisa tuku iwak asap kanggo oleh-oleh sanak kadang ing ngomah.

꧋ꦅꦁꦱꦱꦶꦱꦸꦫꦠꦔ꧀ꦒꦭ꧀ꦰꦶꦗꦶ꧈ꦅꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁꦈꦒꦢꦶꦄꦤꦲꦏꦺꦈꦥꦕꦫꦄꦢꦠ꧀ꦭꦫꦸꦁꦱꦼꦩ‍꧀‍ꦧꦚ꧉ꦄꦢꦠꦺꦏꦼꦒꦶꦪꦠꦤ꧀ꦅꦏꦶꦢꦶꦧꦉꦔꦶꦏꦫꦺꦴꦄꦕꦫꦰ꦳ꦭꦮꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦼꦔꦗꦶꦪꦤ꧀ꦅꦁꦧꦼꦔꦶꦤꦺꦩꦊꦩ꧀ꦰꦶꦗꦶꦱꦸꦫꦭꦤ꧀ꦄꦮꦤꦺꦢꦶꦫꦔ꧀ꦏꦻꦏꦫꦺꦴꦄꦕꦫꦏꦂꦟꦮ꦳ꦭ꧀ꦰꦼꦝꦼꦏꦃꦧꦸꦩꦶꦏꦁꦩꦼꦰ꧀ꦛꦶꦫꦩꦺꦧꦔꦼꦠ꧀꧉ꦏꦧꦺꦃꦅꦏꦸꦎꦫꦭꦶꦪꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦔ꧀ꦭꦲꦶꦫꦏꦺꦰꦸꦏꦸꦂꦥꦫꦮꦂꦓꦩꦰꦫꦏꦠ꧀ꦩꦫꦁꦔꦂꦰꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦸꦧ꧀ꦲꦤꦲꦸꦮꦠꦄꦭ꧉

Ing sasi Suro tanggal siji, ing pantai cengkrong uga dianakake upacara adat larung Sembonyo. Adate kegiatan iki dibarengi karo acara shalawatan lan pengajian ing bengine malem siji Suro, lan awane dirangkai karo acara karnaval sedekah bumi kang mesthi rame banget. Kabeh iku ora liya kanggo nglairake rasa syukur para warga masyarakat marang ngarsane Gusti Allah SWT.

꧋ꦄꦪꦺꦴ꧈ꦲꦗꦭꦭꦶꦥ꧀ꦭꦼꦱꦶꦂꦩꦼꦚꦁꦥꦤ꧀ꦠꦻꦕꦺꦔ꧀ꦏꦿꦺꦴꦁ꧈ꦭꦸꦂ꧉

Ayo, aja lali plesir menyang pantai Cengkrong, Lur….

*

ꦥꦔꦿꦶꦥ꧀ꦠ꧇

Pangripta:

ꦄꦱ꧀ꦥ꦳ꦶꦥ꦳ꦃꦌꦏꦥ꦳ꦶꦠꦿꦶꦪꦤꦶ

Asfifah Eka Fitriani

ꦱꦶꦱ꧀ꦮꦶꦌꦩ꧀꧈ꦠꦺ꧈ꦌꦱ꧀꧈ꦌꦤ꧀꧈꧇꧔꧇ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀

Siswi MTsN 4 Trenggalek

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *