ꦫꦤꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶꦢ

17 January 2025 | 634 kali
Cerkak By : Agus Budiono

꧁ꦫꦤꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶꦢ꧂

RANI LAN NIDA

ꦢꦺꦤꦶꦁ꧇ꦄꦭ꧀ꦮ꦳ꦶꦤꦪꦸꦭꦶꦪꦤꦿꦺꦴꦱꦺꦥ꦳ꦤꦶ

Dening: Alvina Yulian Rosefani

꧋ꦅꦏꦶꦕꦿꦶꦠꦫꦤꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶꦢ꧉ꦫꦤꦶꦢꦸꦮꦺꦄꦢꦶꦏ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦺꦤꦶꦢ꧉ꦈꦩꦸꦫꦺꦫꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦤꦶꦢꦱꦼꦭꦶꦱꦶꦃꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦲꦸꦤꦤ꧀꧉

Iki crita Rani lan Nida. Rani duwe adik jenenge Nida. Umure Rani karo Nida selisih telung tahunan.

꧋ꦤꦶꦢꦏꦸꦭꦶꦠꦺꦉꦱꦶꦏ꧀꧈ꦄꦮꦏꦺꦄꦥꦶꦏ꧀꧈ꦠꦸꦂꦥꦼꦫꦲꦸꦥꦤꦺꦄꦪꦸ꧉ꦧꦺꦢꦄꦢꦺꦴꦃꦏꦫꦺꦴꦫꦤꦶꦱꦶꦁꦥꦏꦸꦭꦶꦠꦤꦺꦎꦫꦥꦠꦶꦪꦉꦱꦶꦏ꧀꧈ꦥꦮꦏꦤꦺꦊꦩꦸ꧈ꦠꦸꦂꦥꦼꦫꦲꦸꦥꦤꦺꦧꦶꦪꦱꦧꦶꦪꦱꦮꦲꦺ꧉ꦢꦶꦠꦩ꧀‍ꦧꦃꦩꦤꦺꦃꦤꦶꦢꦏꦸꦮꦶꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦭꦤ꧀ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦎꦭꦺꦃꦥꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶꦅꦁꦧꦼꦂꦨꦒꦻꦭꦺꦴꦩ꧀‍ꦧ꧉ꦅꦤ꧀ꦠꦶꦤꦺ꧈ꦤꦶꦢꦢꦸꦮꦺꦄꦏꦺꦃꦏꦭꦸꦮꦶꦲꦤ꧀ꦢꦶꦧꦤ꧀ꦢꦶꦔ꧀ꦏꦺꦏꦫꦺꦴꦫꦤꦶ꧉ꦩꦔ꧀ꦏꦤꦺꦅꦧꦸꦭꦤ꧀‍ꦧꦥꦏꦺꦭꦸꦮꦶꦃꦕꦼꦝꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦰꦪꦁꦩꦫꦁꦤꦶꦢꦠꦶꦤꦶꦩ꧀‍ꦧꦁꦩꦫꦁꦫꦤꦶ꧉

Nida kulinte resik, awake apik, tur peraupane ayu. Beda adoh karo Rani sing pakuli ora patio resik, pawakane lemu, tur peraupane biasa-biasa wae. Ditambah maneh Nida kuwi pinter lan kerep oleh prestasi ing berbagai lomba. Intine, Nida duweakeh kaluwihan dibandingake karo Rani. Mangkane ibu lan bapak luwih cedhak lan sayang marang Nida tinimbang marang Rani.

꧋ꦱꦏ꧀ꦅꦏꦶꦫꦤꦶꦮꦶꦱ꧀ꦏꦼꦭꦱ꧀ꦰꦔ꧈ꦱꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦤꦶꦢꦏꦼꦭꦱ꧀ꦥꦶꦠꦸ꧉ꦧꦺꦴꦕꦃꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦧꦏꦾꦸꦭꦤ꧀ꦄꦢꦶꦏ꧀ꦅꦏꦶꦱꦏ꧀ꦰꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤ꧀꧉ꦫꦶꦏꦭꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦫꦤꦶꦔꦼꦂꦡꦶꦪꦺꦤ꧀ꦤꦶꦢ꧈ꦪ꧈ꦤꦼꦫꦸꦰ꧀ꦏꦺꦅꦁꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤꦺꦫꦤꦶ꧈ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦥꦝꦚ꧀ꦗꦭꦸꦏ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂꦲ꧈ꦥꦺ꧈ꦤꦺꦤꦶꦢ꧉

Sak iki Rani wis kelas sanga, sementara Nida kelas pitu. Bocah loro bakyu lan adik iki sak sekolahan. Rikala kanca-kancane Rani ngerti yen Nida ya neruske ing sekolahane Rani, kanca-kancane padha njaluk nomer HP-ne Nida.

꧇ꦫꦤ꧀꧈ꦄꦏꦸꦗꦭꦸꦏ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂꦮꦺ꧈ꦄ꧈ꦤꦺꦄꦢꦶꦏ꧀ꦩꦸ꧈ꦪ꧇ꦧꦢꦿꦸꦭ꧀꧈ꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺꦫꦤꦶꦱꦶꦁꦥꦭꦶꦁꦄꦩ꧀‍ꦧꦶꦱꦶꦪꦸꦱ꧀꧉

“Ran, aku jaluk nomer WA-ne adikmu ya,” Badrul, salah sijine kancane Rani sing paling ambisius.

꧇ꦎꦫꦈꦱꦃ꧈ꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶꦄꦉꦥ꧀ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦄꦤꦺꦃꦄꦤꦺꦃ꧇ꦗꦮꦧꦺꦫꦤꦶ꧉

“Ora usah, mesti arep kok kanggo aneh-aneh,” jawabe Rani.

꧇ꦧꦺꦃ꧈ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦶ꧈ꦮꦶꦱ꧀ꦅꦉꦁ꧈ꦥꦼꦭꦶꦠ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀꧇ꦗꦮꦧꦺꦧꦢꦿꦸꦭ꧀ꦔꦼꦒꦱ꧀ꦏꦫꦺꦴꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭꦶꦏꦶꦫꦤꦶ꧉

“Beh, kowe ki wis ireng, pelit pisan,” jawab Badrul ngegas karo mendeliki Rani.

ꦩꦏ꧀ꦗ꧀ꦭꦼꦥ꧀꧉ꦄꦠꦶꦤꦺꦫꦤꦶꦭꦫꦧꦔꦼꦠꦿꦱꦤꦺ꧈ꦠꦶꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦱ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦱ꧀꧉

Mak jlep. Atine Rani lara banget rasane, tingkat plus-plus.

ꦱꦏ꧀ꦗꦤꦺꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦺꦫꦤꦶꦮꦶꦱ꧀ꦢꦸꦢꦸꦧꦫꦁꦄꦚꦂꦢꦶꦧꦤ꧀ꦢꦶꦁꦧꦤ꧀ꦢꦶꦔ꧀ꦏꦺꦏꦫꦺꦴꦄꦢꦶꦏꦺꦅꦏꦸ꧉ꦤꦔꦶꦁꦱꦶꦁꦢꦶꦏꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦤꦺꦧꦢꦿꦸꦭ꧀ꦅꦏꦸꦧꦼꦤꦼꦂꦧꦼꦤꦼꦂꦲꦔ꧀ꦒꦮꦺꦫꦤꦶꦭꦫꦄꦠꦶꦩꦼꦂꦓꦤꦺꦩꦼꦤꦼꦁꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦤꦶꦫꦺꦴꦢꦺꦴꦏ꧀ꦢꦸꦮꦺꦥꦼꦫꦱꦄꦤ꧀‍ꦧꦺꦢꦏꦫꦺꦴꦧꦢꦿꦸꦭ꧀꧈ꦏꦚ꧀ꦕꦱꦏ꧀ꦏꦼꦭꦱꦺ꧉

Sak jane kanggone Rani wis dudu barang anyar dibanding-bandingke karo adike iku. Nanging sing dikandakne Badrul iku bener-bener anggawe Rani lara ati mergane meneng-meneng Rani rodok duwe perasaan beda karo Badrul, kanca sak kelase.

꧋ꦤꦔꦶꦁꦠꦼꦂꦚꦠ꧈ꦄꦥꦶꦏꦺꦫꦤꦶ꧈ꦎꦫꦥꦼꦂꦟꦃꦢꦸꦮꦺꦥꦼꦫꦱꦄꦤ꧀ꦥꦼꦒꦼꦭ꧀ꦏꦫꦺꦴꦤꦶꦢ꧈ꦄꦢꦶꦏꦺ꧉ꦱꦏ꧀ꦮꦭꦶꦏꦺ꧈ꦤꦶꦢꦈꦒꦠꦤ꧀ꦰꦃꦱꦪꦁꦏꦫꦺꦴꦧꦏ꧀ꦪꦸꦤꦺ꧉ꦎꦫꦥꦼꦂꦟꦃꦢꦸꦮꦺꦥꦼꦫꦱꦄꦤ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦏꦠꦶꦩ꧀‍ꦧꦁꦫꦤꦶ꧉ꦩꦭꦃꦤꦶꦢꦏꦼꦉꦥ꧀‍ꦧꦼꦫꦸꦱꦲꦩꦼꦩꦺꦴꦠꦶꦥ꦳ꦱꦶꦧꦏꦾꦸꦤꦺꦧꦺꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦼꦂꦖꦪꦝꦶꦫꦶꦭꦤ꧀ꦈꦒꦧꦶꦱꦧꦼꦂꦦꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶ꧉

Nanging ternyata, apike Rani, ora pernah duwe perasaan pegel karo Nida, adike. Sak walike, Nida uga tansah sayang karo bakyune ben tetep percaya diri lan uga bisa berprestasi.

꧋ꦤꦔꦶꦁꦫꦤꦶꦝꦺꦮꦺꦫꦸꦩꦔ꧀ꦰꦮꦶꦱ꧀ꦎꦫꦢꦸꦮꦺꦏꦼꦩꦩ꧀ꦥꦸꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀‍ꦧꦏꦠ꧀ꦄꦥꦄꦥ꧉ꦩꦔ꧀ꦏꦤꦺꦫꦤꦶ꧈ꦪ꧈ꦎꦫꦥꦼꦂꦟꦃꦩꦼꦭꦸꦭꦺꦴꦩ꧀‍ꦧꦄꦥꦩꦤꦺꦃꦧꦼꦂꦦꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶ꧉ꦱꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺꦁꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤꦺ꧈ꦫꦤꦶꦢꦢꦶꦗꦸꦗꦸꦒꦤ꧀ꦒꦸꦫꦸꦒꦸꦫꦸꦭꦤ꧀ꦢꦶꦌꦭꦺꦴꦏ꧀ꦤꦺꦧꦼꦫꦒꦩ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀‍ꦧ꧈ꦪ꧈ꦚꦚꦶ꧈ꦪ꧈ꦏ꦳ꦶꦫꦺꦴꦄꦠ꧀꧈ꦪ꧈ꦥꦸꦮꦶꦱꦶ꧉ꦭꦤ꧀ꦥ꦳ꦏ꧀ꦠꦤꦺꦤꦶꦢꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦰꦼꦂꦨꦧꦶꦱ꧉

Nanging Rani dhewe rumangsa wis ora duwe kemampuan lan bakat apa-apa. Mangkane Rani ya ora pernah melu lomba apa maneh berprestasi. Sementara neng sekolahane, Rani dadi jujugan guru-guru lan dielokne beragam lomba ya nyanyi ya khiroat ya puisi. Lan faktane Nida pancen serba bisa.

꧋ꦅꦧꦸꦏꦺꦭꦤ꧀‍ꦧꦥꦏꦺꦱꦼꦫꦶꦁꦩꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦁꦥꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶꦤꦺꦤꦶꦢꦅꦁꦩꦺꦝꦶꦪꦱꦺꦴꦱꦶꦪꦭ꧀꧇ꦥ꦳ꦺꦱ꧀‍ꦧꦸꦏ꧀꧈ꦅꦤ꧀ꦱ꧀ꦠꦒꦿꦩ꧀꧈ꦪꦸꦠꦸꦧ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦭꦶꦪꦭꦶꦤꦺ꧈ꦈꦒꦢꦶꦕꦿꦶꦠꦏ꧀ꦤꦺꦩꦫꦁꦠꦔ꧀ꦒꦠꦔ꧀ꦒꦤꦺꦭꦤ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦤꦺ꧉

Ibuke lan bapake sering mosting prestasine Nida ing media sosial: Facebook, Instagram, Youtube, lan liya-liyane, uga dicritakne marang tangga-tanggane lan kanca-kancane.

꧋ꦫꦤꦶꦩꦸꦭꦻꦩꦶꦤ꧀ꦢꦼꦂꦪꦺꦤ꧀‍ꦧꦉꦁꦤꦶꦢ꧉ꦫꦤꦶꦩꦼꦫꦱ꧌ꦅꦤ꧀ꦰꦼꦏꦸꦂ꧍ꦩꦫꦁꦤꦶꦢ꧈ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ꧈ꦄꦪꦸ꧈ꦧꦼꦂꦦꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶ꧈ꦄꦥꦶꦏꦤ꧀꧈ꦱꦺꦴꦥꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧉ꦫꦤꦶꦏꦼꦉꦥ꧀ꦩꦼꦚꦼꦟ꧀ꦝꦶꦫꦶ꧈ꦔꦢꦺꦴꦃꦱꦏꦄꦢꦶꦏꦺ꧈ꦤꦶꦢ꧉ꦤꦔꦶꦁꦱꦼꦮꦭꦶꦏꦺ꧈ꦤꦶꦢꦩꦭꦃꦠꦤ꧀ꦰꦪꦱꦪꦁꦏꦫꦺꦴꦫꦤꦶ꧉ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀‍ꦧꦼꦫꦸꦱꦲꦔ꧀ꦒꦮꦺꦫꦤꦶꦩꦉꦩ꧀꧉ꦤꦶꦢꦔꦼꦂꦡꦶꦪꦺꦤ꧀ꦰꦏ꧀ꦗꦤꦺ꧈ꦪ꧈ꦢꦸꦮꦺꦧꦏꦠ꧀ꦰꦶꦁꦎꦫꦢꦶꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦱꦼꦩ꧀‍ꦧꦫꦁꦮꦺꦴꦁ꧉ꦫꦤꦶꦢꦸꦮꦺꦏꦼꦩꦩ꧀ꦥꦸꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀‍ꦧꦏꦠ꧀ꦅꦁꦧꦶꦝꦁꦎꦭꦲꦿꦒꦏ꦳ꦸꦱꦸꦱꦺꦧꦢ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉

Rani mulai minder yen bareng Nida. Rani merasa insecure marang Nida, wis pinter, ayu berprestasi, apikan, sopan maneh. Rani kerep menyendiri, ngadoh saka adike, Nida. Nanging sewalike, Nida malah tansaya sayang karo Rani. Terus berusaha nggawe Rani marem. Nida ngerti yen sak jane ya duwe bakat sing ora diduweni sembarang wong. Rani duwe kemampuan lan bakat ing bidang olahraga khususe badminton.

꧋ꦄꦠꦱ꧀ꦰꦫꦤꦺꦤꦶꦢ꧈ꦫꦤꦶꦄꦏ꦳ꦶꦫꦺꦒꦧꦸꦁꦅꦁꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦤꦺꦥꦼꦭꦠꦶꦲꦤ꧀‍ꦧꦢ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ꦭꦤ꧀ꦠꦼꦂꦚꦠꦎꦫꦧꦸꦠꦸꦃꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦱꦸꦮꦺ꧈ꦫꦤꦶꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦏꦼꦥꦿꦶꦒꦼꦭꦤ꧀ꦅꦁꦧꦧꦒꦤ꧀‍ꦧꦢ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀꧉ꦏꦼꦧꦼꦠꦸꦭꦤ꧀ꦄꦤꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥꦼꦠꦶꦱꦶꦧꦢ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀꧉ꦅꦤ꧀ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩ꧀ꦩꦱꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦤꦺꦫꦤꦶꦩꦫꦁꦒꦸꦫꦸꦎꦭꦲꦿꦒꦤꦺ꧉

Atas sarane Nida, Rani akhire gabung ing salah sijine pelatihan badminton. Lan ternyata ora butuh wektu suwe, Rani pancen duwe keprigelan ing babagan badminton. Kebetulan ana kompetisi badminton tingkat kabupaten. Informasi sing disampekne Rani marang guru olahragane.

꧋ꦄꦏ꦳ꦶꦫꦺꦫꦤꦶꦏꦠꦸꦠ꧀ꦰꦼꦭꦺꦏ꧀ꦱꦶꦭꦤ꧀ꦢꦶꦏꦶꦫꦶꦩ꧀ꦩꦏꦶꦭꦶꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤ꧀‍ꦧꦼꦂꦡꦟ꧀ꦝꦶꦁꦅꦁꦠꦶꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀꧉ꦎꦫꦠꦔ꧀ꦒꦸꦁꦠꦔ꧀ꦒꦸꦁ꧈ꦧꦼꦂꦑꦠꦩꦺꦴꦠꦶꦥ꦳ꦱꦶꦱꦏꦤꦶꦢ꧈ꦄꦏ꦳ꦶꦫꦺꦫꦤꦶꦧꦶꦱꦩꦼꦫꦲꦶꦃꦗꦸꦮꦫꦱꦶꦗꦶꦧꦢ꧀ꦩꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦔ꧀ꦏꦠ꧀ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀꧉ꦭꦤ꧀‍ꦧꦼꦂꦑꦠ꧀ꦥꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶꦤꦺꦅꦁꦧꦶꦝꦁꦎꦭꦲꦿꦒꦅꦏꦶ꧈ꦄꦏ꦳ꦶꦫꦺꦫꦤꦶꦈꦒꦧꦶꦱꦢꦶꦠꦩ꧀ꦥꦅꦁꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤ꧀ꦥ꦳ꦮ꦳ꦺꦴꦫꦶꦠ꧀ꦰꦶꦁꦢꦢꦶꦅꦩ꧀ꦥꦶꦪꦤꦺꦭꦺꦮꦠ꧀ꦗꦭꦸꦂꦥꦿꦺꦱ꧀ꦠꦱꦶ꧉

Akhire Rani katut seleksi lan dikirim makili sekolahan bertanding ing tingkat kabupaten. Ora tanggung-tanggung, berkat moyivasi saka Nida, akhire Rani bisa meraih juara siji badminton tingkat kabupaten. Lan berkat prestasine ing bidang olahraga iki, akhire Rani uga bisa ditampa ing sekolahan favorit sing dadi impiane lewat jalur prestasi.

꧇ꦩꦠꦸꦂꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦄꦢꦶꦏ꧀ꦏꦸꦱꦪꦁ꧇ꦫꦤꦶꦔꦿꦔ꧀ꦏꦸꦭ꧀ꦤꦶꦢ꧈ꦄꦢꦶꦏꦺ꧉

“Matur nuwun adikku sayang,” Rani ngrangkul Nida, adike.

꧇ꦥꦝꦥꦝꦧꦏꦾꦸꦏꦸꦱꦪꦁ꧇ꦤꦶꦢꦈꦒꦔꦿꦔ꧀ꦏꦸꦭ꧀‍ꦧꦏꦾꦸꦤꦺꦭꦸꦮꦶꦃꦫꦏꦼꦠ꧀꧉

“Padha-padha bakyuku sayang,” Nida uga ngrangkul bakyune luwih raket.

ꦧꦺꦴꦕꦃꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦫꦔ꧀ꦏꦸꦭꦿꦔ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀ꦥꦼꦂꦠꦟ꧀ꦝꦱꦭꦶꦁꦩꦼꦚꦚꦔꦶ꧉

Bocah loro rangkul-rangkulan pertanda saling menyanyangi.

*

꧋ꦕꦼꦂꦑꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤꦿꦶꦥ꧀ꦠꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦮ꦳ꦶꦤꦪꦸꦭꦶꦪꦤꦿꦺꦴꦱꦺꦥ꦳ꦤꦶ꧉ꦄꦭ꧀ꦮ꦳ꦶꦤꦭꦲꦶꦂꦅꦁꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀ꦤꦭꦶꦏꦠꦔ꧀ꦒꦭ꧀꧇꧒꧕꧇ꦗꦸꦭꦶ꧇꧒꧐꧑꧐꧇꧉ꦱꦅꦏꦶꦄꦭ꧀ꦮ꦳ꦶꦤꦢꦢꦶꦱꦶꦱ꧀ꦮꦅꦁꦌꦩ꧀꧈ꦠꦺ꧈ꦌꦱ꧀꧈ꦌꦤ꧀꧈꧇꧔꧇ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀꧉ꦱꦶꦱ꧀ꦮꦅꦔ꧀ꦏꦁꦏꦉꦩꦼꦤꦤꦺꦔ꧀ꦒꦩ꧀‍ꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦒꦼꦒꦪꦸꦲꦤ꧀ꦢꦢꦶꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦫ꧀꧉ꦄꦭ꧀ꦮ꦳ꦶꦤꦩꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦅꦁꦩꦂꦓꦩꦸꦭꦾꦌꦂ꧈ꦠꦺ꧈꧇꧑꧓꧇ꦌꦂ꧈ꦮꦺ꧈꧇꧐꧑꧇ꦏꦼꦕꦩꦠꦤ꧀ꦮꦠꦸꦭꦶꦩꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀꧉ꦩꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺꦴꦈꦫꦶꦥꦺ꧌ꦗꦔꦤ꧀ꦩꦭꦸꦈꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦰꦭꦃ꧈ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦭꦃꦩꦗꦸꦝꦼꦩꦶꦩꦼꦔ꧀ꦒꦥꦻꦕꦶꦠꦕꦶꦠ꧍꧉ꦝꦺꦮꦺꦏꦺꦈꦒꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦩꦺꦴꦠꦶꦮ꦳ꦱꦶꦫꦶꦥ꧀ꦠꦕꦼꦂꦑꦏꦾꦅꦏꦸ꧌ꦗꦔꦤ꧀‍ꦧꦼꦂꦲꦼꦤ꧀ꦠꦶꦧꦼꦂꦑꦂꦪꦾ꧈ꦧꦼꦂꦑꦂꦪꦾꦈꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦒꦩ꧀‍ꦧꦫꦤ꧀ꦝꦶꦩꦱꦝꦼꦥꦤ꧀꧍꧉

Cerkak punika dipun ripta dening Alvina Yulian Rosefani. Alvina lair ing Trenggalek nalika tanggal 25 Juli 2010. Saiki Alvina sinau dadi siswa ing MTsN 4 Trenggalek. Siswa ingkang karemenane nggambar punika anduweni gegayuhan dadi dokter. Alvina manggon ing Margomulyo RT.13 RW.01 Kecamatan Watulimo Kabupaten Trenggalek. Motto uripe “Jangan malu untuk salah, teruslah maju demi menggapai cita cita”. Dheweke uga duweni motivasi ripta cerkak yaiku “Jangan berhenti berkarya, berkarya untuk gambaran di masa depan”.

 

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *