ꦮꦪꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦅꦁꦥꦢꦺꦱꦤ꧀
23 January 2025 | 189 kali
Cerkak By : Agus Budiono
꧁ꦮꦪꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦅꦁꦥꦢꦺꦱꦤ꧀꧂
WAYAH SURUP ING PADESAN
ꦢꦺꦤꦶꦁ꧇ꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦲꦸꦱ꧀ꦤꦤ꧀
Dening: Nikmatul Husnan
꧋ꦥꦼꦔꦧ꧀ꦢꦶꦪꦤꦺꦱꦽꦔꦺꦔꦺꦅꦁꦮꦪꦃꦄꦮꦤ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦩꦺꦤꦺꦲꦶꦥꦼꦥꦝꦁꦩꦫꦁꦥꦔꦸꦫꦶꦥꦤ꧀ꦅꦁꦧꦸꦩꦶꦮꦸꦱ꧀ꦮꦪꦲꦺꦱꦶꦂꦟ꧉ꦱꦝꦺꦭꦩꦤꦺꦃꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦤꦺꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸꦱꦸꦫꦸꦥ꧀꧉ꦮꦶꦱ꧀ꦮꦪꦲꦺꦱꦽꦔꦺꦔꦺꦔꦶꦫꦶꦩ꧀ꦥꦼꦱꦼꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦧꦺꦃꦩꦏ꦳꧀ꦭꦸꦏ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦏꦮꦪꦲꦺꦔꦱꦺꦴ꧉
Pengabdiane srengenge ing wayah awan kanggo menehi pepadang marang panguripan ing bumi wus wayahe sirna. Sadhela maneh wektune mlebu surup. Wis wayahe srengenge ngirim pesen marang kabeh makhluk yen wis teka wayahe ngaso.
꧋ꦱꦸꦮꦱꦤꦅꦁꦥꦢꦺꦱꦤ꧀ꦮꦪꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦤꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩꦏꦺꦄꦠꦶ꧉ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠꦤ꧀ꦏꦁꦔꦪꦺꦴꦩꦶꦮꦂꦓꦅꦁꦥꦢꦺꦱꦤ꧀ꦧꦶꦱꦚꦶꦥ꧀ꦠꦲꦏꦺꦱꦸꦮꦱꦤꦏꦁꦄꦪꦼꦩ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦮꦺꦏꦿꦱꦤ꧀ꦩꦸꦔ꧀ꦒꦸꦃꦱꦥꦮꦲꦺꦏꦁꦩꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀꧉
Suasana ing padesan wayah surup pancen nentremake ati. Wit-witan kang ngayomi warga ing padesan bisa nyiptaake suasana kang ayem-tentrem lan gawe krasan mungguh sapa wae kang manggon.
꧋ꦫꦶꦏꦭꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦱꦸꦫꦸꦥ꧀꧈ꦭꦔꦶꦠ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦏꦼꦧꦏ꧀ꦮꦂꦟꦮꦂꦟꦶꦏꦁꦌꦟ꧀ꦝꦃꦅꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀꧉ꦮꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦢꦺꦱꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦮꦪꦃꦩꦼꦠꦸꦤꦺꦕꦟ꧀ꦝꦶꦲꦭ꧉ꦭꦔꦶꦠꦺꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦄꦧꦁ꧈ꦏꦸꦤꦶꦁ꧈ꦭꦤ꧀ꦎꦫꦚꦼ꧈ꦏꦢꦶꦪꦭꦸꦏꦶꦱꦤ꧀ꦏꦁꦌꦤ꧀ꦢꦃꦩꦿꦤꦤꦶꦄꦠꦶꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦱꦥꦏꦁꦚꦮꦁ꧉ꦩꦸꦭꦱꦧꦼꦤ꧀ꦰꦺꦴꦫꦺꦄꦏꦸꦎꦫꦧꦏꦭ꧀ꦔ꧀ꦭꦭꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺꦏꦲꦤꦤ꧀ꦌꦤ꧀ꦢꦃꦅꦁꦮꦪꦃꦱꦸꦫꦸꦥ꧀ꦅꦏꦸ꧉
Rikala wektu surup, langit katon kebak warna-warni kang endah ing sisih kulon. Wong-wong desa asring nyebut wayah metune candi ala. Langite katon abang, kuning, lan orange, kadiya lukisan kang endah mranani ati kanggo sapa wae kang nyawang. Mula saben sore aku ora bakal nglalekake kahanan endah ing wayah surup iku.
꧋ꦱꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦫꦺꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦿꦸꦔꦸꦏꦸꦩꦤ꧀ꦢꦔꦺꦄꦢ꦳ꦤ꧀ꦩꦒꦿꦶꦧ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦔꦺꦭꦶꦔꦏꦺꦥꦫꦮꦂꦓꦢꦺꦱꦪꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦏꦠꦶꦠꦶꦮꦚ꧀ꦕꦶꦤꦺꦱꦼꦩ꧀ꦧꦲ꧀ꦪꦁ꧈ꦩꦝꦼꦥ꧀ꦅꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦁꦔꦸꦮꦱꦤꦶꦄꦭꦩꦿꦪ꧉ꦤꦸꦭꦶꦥꦫꦮꦂꦓꦥꦝꦧꦸꦝꦭ꧀ꦩꦫꦁꦩꦰ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦰ꦳ꦭꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦤꦶꦤ꧀ꦢꦲꦏꦺꦏꦸꦮꦗꦶꦧꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁꦫꦏꦄꦠ꧀꧉ꦱꦶꦤꦩ꧀ꦧꦶꦤꦸꦔ꧀ꦒꦸꦠꦼꦏꦤꦺꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦅꦱꦏ꧀꧈ꦄꦢꦠꦺꦥꦫꦗꦩꦄꦃꦥꦝꦔꦗꦶ꧈ꦩꦕꦏꦶꦠꦧ꧀ꦰꦸꦕꦶꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦕꦺꦭꦺꦔꦤ꧀ꦄꦩꦭ꧀ꦅꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦪꦺꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦠꦶ꧉
Sak banjure wiwit krungu kumandange azan Magrib kanggo ngelingake para warga desa yen wis teka titi wancine sembahyang, madhep ing Pangeran kang nguasani alam raya. Nuli para warga padha budhal marang masjid lan mushala kanggo nindakake kuwajiban telung rakaat. Sinambi nunggu tekane wektu Isak, adate para jamaah padha ngaji, maca kitab suci kanggo celengan amal ing tembe yen wus mati.
꧋ꦧꦭꦶꦱꦏꦩꦰ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦈꦠꦮꦩꦸꦰ꦳ꦭꦲꦤꦸꦒꦏꦁꦱꦶꦭꦠꦸꦫꦲ꧀ꦩꦶꦩꦫꦁꦢꦸꦭꦸꦂꦈꦠꦮꦠꦔ꧀ꦒꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦗꦒꦄꦢꦠ꧀ꦅꦱ꧀ꦠꦶꦄꦢꦠ꧀ꦩꦸꦭꦾꦏꦁꦢꦶꦮꦫꦶꦱꦶꦱꦏꦒꦼꦤꦼꦫꦱꦶꦩꦫꦁꦒꦼꦤꦼꦫꦱꦶ꧈ꦪꦅꦏꦸꦱꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴ꧉ꦮꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦅꦏꦸꦎꦫꦩꦸꦁꦩꦼꦂꦓꦪꦺꦤ꧀ꦲꦤꦏꦼꦧꦸꦠꦸꦲꦤ꧀ꦏꦁꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦤꦔꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦅꦏꦸꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦧꦔꦼꦠ꧀ꦏꦔ꧀ꦒꦺꦴꦗꦒꦱꦶꦭꦠꦸꦫꦲ꧀ꦩꦶꦭꦤ꧀ꦔꦿꦏꦼꦠ꧀ꦲꦏꦺꦥꦱꦼꦢꦸꦭꦸꦫꦤ꧀꧉
Bali saka masjid utawa mushala ana uga kang silaturrahmi marang dulur utawa tangga kanggo jaga adat-istiadat mulya kang diwarisi saka generasi marang generasi, yaiku sonjo. Wong sonjo iku ora mung merga yen ana kebutuhan kang penting banget, nanging wong sonjo iku penting kanggo jaga silaturrahmi lan ngraketake paseduluran.
꧋ꦮꦼꦏ꧀ꦠꦸꦤꦺꦱꦸꦩꦿꦩ꧀ꦧꦃꦮꦼꦔꦶ꧉ꦏꦲꦤꦤ꧀ꦅꦁꦢꦺꦱꦠꦤ꧀ꦰꦪꦱꦼꦥꦶ꧉ꦎꦩꦃꦎꦩꦃꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦄꦤ꧀ꦠꦼꦁꦢꦶꦱꦶꦤꦫꦶꦕꦲꦾꦤꦺꦮꦸꦭꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦫꦶ꧉ꦒꦸꦤꦸꦁꦅꦁꦏꦢꦺꦴꦲꦤ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦥꦼꦂꦑꦱꦔꦢꦼꦗꦼꦗꦼꦒ꧀ꦏꦪꦫꦏ꧀ꦱꦱꦏꦁꦭꦒꦶꦗꦒꦥꦫꦮꦂꦓꦏꦁꦭꦒꦶꦔꦱꦺꦴꦅꦁꦮꦪꦃꦮꦼꦔꦶ꧉
Wektune sumrambah wengi. Kahanan ing desa tansaya sepi. Omah-omah katon anteng disinari cahyane wulan andadari. Gunung ing kadohan katon perkasa ngadek jejeg kaya raksasa kang lagi jaga para warga kang lagi ngaso ing wayah wengi.
꧋ꦤꦸꦮꦤ꧀ꦰꦥꦼꦩꦟ꧀ꦝꦔꦤ꧀ꦏꦁꦭꦔ꧀ꦏꦤꦩ꧀ꦧꦲꦶꦫꦱꦧꦸꦔꦃꦅꦁꦄꦠꦶ꧉ꦱꦸꦮꦱꦤꦥꦢꦺꦱꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦧꦺꦧꦱ꧀ꦰꦏꦥꦺꦴꦭꦸꦱꦶꦏꦁꦔꦼꦧꦏꦶꦏꦸꦛ꧉ꦲꦮꦤꦺꦱꦼꦒꦼꦂꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦅꦁꦫꦒ꧉ꦩꦸꦭꦤꦺꦄꦪꦺꦴꦥꦝꦱꦾꦸꦏꦸꦂꦩꦫꦁꦔꦂꦰꦤꦺꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦩꦫꦶꦔꦶꦏꦼꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠꦤ꧀꧈ꦏꦌꦤ꧀ꦢꦲꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩꦤ꧀ꦲꦤꦢꦺꦱꦤꦺꦝꦺꦮꦺꦅꦏꦶ꧉
Nuansa pemandangan kang langka nambahi rasa bungah ing ati. Suasana padesan pancen bebas saka polusi kang ngebaki kutha. Hawane seger ngrasuk ing raga. Mulane ayo padha syukur marang ngarsane Gusti Allah kang wus maringi kenikmatan, kaendahan, lan ketentreman ana desane dhewe iki.
*
ꦥꦔꦿꦶꦥ꧀ꦠ꧇
Pangripta:
ꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠꦸꦭ꧀ꦲꦸꦱ꧀ꦤꦤ꧀
Nikmatul Husnan
ꦱꦶꦱ꧀ꦮꦶꦌꦩ꧀꧈ꦠꦺ꧈ꦌꦱ꧀꧈ꦌꦤ꧀꧈꧇꧔꧇ꦠꦽꦔ꧀ꦒꦭꦺꦏ꧀
Siswi MTsN 4 Trenggalek